Home � � PEPELING

PEPELING



*Cipt. Ki Anom Suroto*


Wis wancine tansah dielengke

Wis wancine podo nindakake

Adzan wus kumandang wayahe sembahyang

Netepi wajib dawuhe pangeran

Sholat dadi cagaking agomo

Limang wektu kudu tansah dijogo

Kanti istiqomah lan sing tumakninah

Luwih sampurno yen berjamaah


Subuh Luhur lan Ashar

Sholat sayekti ngadohke tindak mungkar

Magrib lan Isyak jangkepe

Prayogane ditambah sholat sunate

Jo sembrono iku prentah agomo

Elingono ning ndonyo mung sedelo

Sabar lan tawakal pasrah sing kuwoso

Yen kepingin mbesuk munggah swargo

Tags: